20 Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowe, nanging padha bungaha marga jenengmu wis katulisan ana ing swarga.”
21 Ing nalika iku Gusti Yesus sukarena ing sajroning panggalih banjur matur: “Dhuh, Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken genging panuwun, dene prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap para winasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare alit. Inggih, Rama, Kawula saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene punika ingkang dados keparenging panggalih Paduka.
22 Samubarang kabeh wis kapasrahake marang Aku dening RamaKu lan ora ana wong kang sumurup sang putra iku sapa, kajaba Sang Rama, mangkono uga Sang Rama iku sapa, kajaba Sang Putra lan wong kang kawedharan dening Sang Putra, marga saka keparenging panggalihe.”
23 Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sakabate sarta dipangandikani piyambak: “Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng.
24 Amarga Aku pitutur marang kowe: Akeh nabi lan ratu kang kepengin nyumurupi kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon, sarta kang kepengin ngrungokake apa kang kokrungokake, nanging ora bisa kalakon.”
25 Ing sawijining dina ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus, ature: “Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng?”
26 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kang katulisan ing Toret kapriye? Apa kang kokwaca ing kono?”