30 Tiyang estri wau lajeng kaningkah dening ingkang angka kalih,
31 lajeng kaningkah dening ingkang angka tiga, tuwin makaten salajengipun, urut-urutan karabi dening sadherek pitu wau, nanging sadaya sami ngajal boten tilar anak.
32 Wekasanipun tiyang estri punika inggih tilar donya.
33 Lah sapunika kadospundi tiyang estri punika, benjing dinten patangen, lajeng sinten ingkang dados semahipun, amargi pitu-pitunipun sami nate dados semahipun?”
34 Gusti Yesus nuli paring wangsulan, pangandikane: “Wong-wong ing donya iki, padha omah-omah lan diomah-omahake,
35 nanging wong-wong kang padha kaanggep pantes tampa panduman ana ing jagad liyane iku, lan ana ing patangen saka ing antarane wong mati, iku bakal ora omah-omah lan ora diomah-omahake.
36 Sabab padha ora bisa mati maneh; kaanane kaya para malaekat sarta padha dadi putraning Allah, awit wis padha katangekake.