19 Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.
20 Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.
21 Balik ing saikine, tanpa angger-anggering Toret, kaya kang kapratelakake ing kitab Toret lan kitab-kitabe para nabi, kabeneraning Allah iku wus kalairake,
22 yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.
23 Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,
24 lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.
25 Panjenengane wus dipesthekake dening Gusti Allah dadi srananing karukunan, awit saka pracaya marang rahe. Bab iki katindakake kagem ngatingalake kaadilane, sabab Panjenengane wus ngendelake dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarane Gusti Allah.