12 Sarta nindakake sakehe panguwasane kewan kang kapisan ana ing ngarepe. Iku marakake bumi lan sakabehe kang ngenggoni padha sujud marang kewan kang kapisan, kang wus waras tatune kang mbebayani mau.
13 Sarta maneh nganakake mukjijat-mukjijat kang nggegirisi, malah nganti ngudhunake geni saka ing langit marang bumi ana ing ngarepe wong.
14 Kewan mau nasarake wong kang manggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan, kang wus diwenehake supaya ditindakake ana ing ngarepe si kewan kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikon dening kewan mau, supaya padha nganakake reca kanggo ngurmati si kewan kang kataton dening pedhang, nanging kang tetep isih urip iku.
15 Apamaneh si kewan dikuwasakake nganjingi nyawa marang reca iku mau, temah reca kewan iku uga bisa calathu, lan banjur tumandang, saben wong kang ora sujud marang reca kewan iku banjur kapatenan.
16 Karodene si kewan mau marakake wong kabeh, gedhe cilik, sugih miskin, mardika lan batur tukon, tangane tengen utawa bathuke padha dicireni,
17 sarta ora ana wong bisa tetuku utawa dodolan kajaba mung kang kanggonan ciri mau, yaiku jenenge si kewan utawa cacahe wilanganing jenenge.
18 Kang prelu ing kene yaiku kawicaksanan; sapa kang wicaksana iku ngetunga cacahing wilangane si kewan iku, awit iku wilangane sawijining manungsa, lan cacahe yaiku nem atus sawidak nenem.