13 Malaekat kang kanem tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur krungu swara metu saka sungu papat ing misbyah mas kang ana ing ngarsane Gusti Allah,
14 Kang dhawuh marang malaekat kang kanem kang ngasta kalasangka mau mangkene: “Malaekat papat kang padha kabanda ana ing sacedhake bengawan Efrat iku uculana.”
15 Malaekat papat kang padha kacawisake ngenteni jam, dina, sasi lan taun kang wus pinanci iku tumuli diuculi, supaya padha mateni sapratelone umat manungsa.
16 Lan cacahe wadyabala jaranan iku rongpuluh ewu leksa; aku krungu pira cacahe.
17 Mungguh jarane lan kang padha nunggangi iku ana ing wahyu iki katone mangkene: padha nganggo kere, warnane abang kaya geni lan biru tuwin kuning walirang; endhase jaran memper kaya endhasing singa, tuwin cangkeme ngetokake geni, lan pega sarta welirang.
18 Sapratelone umat manungsa padha dipateni dening wewelak telu iku, yaiku geni, lan pega tuwin welirang kang padha metu saka ing cangkeme.
19 Awitdene dayane jaran-jaran mau dumunung ana ing cangkeme lan buntute; amarga buntute iku kaya ula; padha nganggo endhas, iku kanggo nganakake karusakan.