11 Apa memper aku njupuk rotiku, banyu omben-ombenku lan kewan belehanku kang daksembeleh kanggo wong-wongku juru ngguntingi, dakwenehake marang wong kang ora genah saka ngendi pinangkane?”
12 Para utusane Sang Dawud nuli padha bali lan sabaline padha matur marang Sang Dawud ngepleki kaya kang diucapake dening Nabal marang wong-wong mau.
13 Sang Dawud nuli ngandika marang balane: “Kowe kabeh padha nyengkelita pedhang!” Nuli padha nyengkelit pedhang; Sang Dawud piyambak uga nyengkelit pedhange. Ing wektu samana ana wong watara patang atus kang padha ndherekake Sang Dawud nglurug, dene kang rong atus padha kari tunggu barang-barange.
14 Nanging Abigail, somahe Nabal, diwartani dening salah sawijining bature, pangucape: “Kauningana, Sang Dawud mentas utusan tiyang saking pasamunan ngaturi wilujeng dhateng bendara kula, nanging malah dipun ungel-ungeli awon.
15 Mangka tiyang-tiyang punika sami sae sanget tandukipun dhateng kula sadaya, sami boten ngarubiru kula lan kula sami boten kecalan punapa-punapa salaminipun kula sami sesrawungan kaliyan tiyang-tiyang punika wonten ing pangenan.
16 Tiyang-tiyang punika sami prasasat pager tembok ing sakubeng kula rinten dalu, salaminipun kula sami ngengen menda wonten ing sacelakipun.
17 Milanipun, panjenengan galih saha panjenengan limbang-limbang, punapa ingkang prayogi panjenengan lampahi, amargi sampun dipun temtokaken, bilih bendara kula dalasan sakulawarganipun badhe manggih bilai, mangka bendara kula punika panggalihipun awon, temah boten saged dipun ajak rerembagan.”