2 Babad 23:13-19 JAV

13 Banjur mirsa Sang Nata jumeneng ing sacedhake sakane ing dalan lumebu lan para panggedhe sarta para kang nggawa kalasangka ana ing sacedhake Sang Prabu, dene rakyat ing nagara kabeh padha abungah-bungah karo ngunekake kalasangka, sarta para juru ngidung padha nuntun kang ngrepekake kekidungan pepujian kalawan nyekel piranti-pirantining musik. Sang Putri Atalya banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kambi alok: “Kiyanat, kiyanat!”

14 Nanging Imam Yoyadha tumuli dhawuh marang para panggedhening wadya-bala satus supaya padha metu, yaiku para wong kang dadi tetindhihing wadya-bala sarta padha dipangandikani: “Wong iku gawanen metu saka ing satengahe pabarisan! Sapa kang mbelani patenana kalawan pedhang!” Sabab wus ana dhawuhe imam mau: “Aja kokpateni ana ing padalemaning Yehuwah!”

15 Sang putri nuli kacepeng lan bareng tindake tekan ing dalem lumebu ing kraton, ing gapura jaran, banjur disedani ana ing kono.

16 Imam Yoyadha nuli damel prajanjian ing antarane panjenengane kalawan rakyat kabeh karo Sang Prabu, manawa kabeh padha dadi umating Yehuwah.

17 Sawuse mangkono rakyat kabeh tumuli lumebu ing omah pepundhen Baal, iku banjur karubuhake; misbyah-misbyahe lan reca-recane padha diremuki; Matan, imame Baal, dipateni ana ing sangarepe misbyah-misbyah mau.

18 Imam Yoyadha nuli masrahake kawajiban rumeksa padalemaning Yehuwah marang para imam lan para wong Lewi, kang wus kapantha-pantha dening Sang Prabu Dawud kanggo pagawean ing sajroning padalemane Pangeran Yehuwah, yaiku saos kurban obaran marang Sang Yehuwah -- kaya kang katulisan ing Torete Nabi Musa -- kanthi asumyak-sumyak lan kalawan kekidungan manut pitedhahe Sang Prabu Dawud.

19 Imam Yoyadha uga mranata para kang kadhawuhan jaga lawanging gapura-gapura ing padalemaning Yehuwah, supaya aja nganti ana wong kang lumebu, kang nandhang sadhengaha najis.