2 Babad 23:9-15 JAV

9 Imam Yoyadha nuli maringi tumbak marang para tetindhihing wadya-bala satus mau, lan tameng cilik sarta tameng gedhe, kagungane Sang Prabu Dawud, kang ana ing padalemaning Allah.

10 Panjenengane mapanake rakyat kabeh kalawan padha sikep gegaman tumbak wiwit ing sisih tengene padaleman nganti tekan ing sisih kiwaning padaleman kalawan ngubengi misbyah lan padaleman mau prelu ngayomi Sang Nata.

11 Sawuse mangkono Imam Yoyadha lan para putrane banjur ngaturi miyos Sang Rajaputra, kang tumuli diagemi makutha lan dicaosi angger-anggering Allah, nuli padha njumenengake panjenengane dadi ratu sarta njebadi panjenengane lan banjur padha alok: “Sugenga Sang Prabu!”

12 Bareng Sang Putri Atalya miyarsa alok-aloke rakyat kang padha mlayu-mlayu marani lan ngluhurake Sang Nata, panjenengane tumuli tindak manggihi rakyat iku menyang ing padalemaning Yehuwah.

13 Banjur mirsa Sang Nata jumeneng ing sacedhake sakane ing dalan lumebu lan para panggedhe sarta para kang nggawa kalasangka ana ing sacedhake Sang Prabu, dene rakyat ing nagara kabeh padha abungah-bungah karo ngunekake kalasangka, sarta para juru ngidung padha nuntun kang ngrepekake kekidungan pepujian kalawan nyekel piranti-pirantining musik. Sang Putri Atalya banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kambi alok: “Kiyanat, kiyanat!”

14 Nanging Imam Yoyadha tumuli dhawuh marang para panggedhening wadya-bala satus supaya padha metu, yaiku para wong kang dadi tetindhihing wadya-bala sarta padha dipangandikani: “Wong iku gawanen metu saka ing satengahe pabarisan! Sapa kang mbelani patenana kalawan pedhang!” Sabab wus ana dhawuhe imam mau: “Aja kokpateni ana ing padalemaning Yehuwah!”

15 Sang putri nuli kacepeng lan bareng tindake tekan ing dalem lumebu ing kraton, ing gapura jaran, banjur disedani ana ing kono.