16 dene Sang Safan nuli mbekta kitab mau marang ing ngarsane Sang Nata lan uga matur mangkene: “Sadaya dhawuh dalem dhateng para abdi dalem, sampun katindakaken.
17 Arta ingkang wonten ing padalemaning Sang Yehuwah sampun dipun pendhet saha lajeng kapasrahaken dhateng para lurah lan para tukang.”
18 Sang Safan, sekretaris nagara iku uga munjuk marang Sang Prabu: “Imam Agung Hilkia kala wau masrahaken kitab dhateng abdi-dalem kawula.” Sang Safan tumuli maosake saperangan ana ing ngarsane Sang Nata.
19 Bareng Sang Prabu midhanget sabdaning Toret mau, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane.
20 Sawuse mangkono nuli paring dhawuh marang Imam Agung Hilkia, marang Sang Ahikam bin Safan, marang Abdon bin Mikha, marang Sang Safan, sekretaris nagara mau lan marang Sang Asaya, priyagung abdine Sang Prabu, pangandikane:
21 “Padha mangkata, ingsun padha suwunna pitedah marang Pangeran Yehuwah, kanggo para kang isih kari ana ing Yehuda, bab sabdaning kitab kang katemu iki, sabab bebenduning Pangeran Yehuwah nggegirisi banget kang kaesokake marang kita, amarga para leluhur kita padha ora netepi pangandikaning Sang Yehuwah kalawan nindakake trep kaya kang tinulis ing kitab iki!”
22 Imam Agung Hilkia nuli mundur bebarengan karo para priyagung kang padha ngemban dhawuhe Sang Nata, banjur padha tindak menyang ing daleme Nabi Hulda, nabi wanita, semahe lurah reksa busana, yaiku Salum bin Tokhat bin Hasra. Nabi wanita iku daleme ana ing Yerusalem, ana ing pakampungan anyar. Para priyagung mau tumuli padha mratelakake prelune anggone kautus.