13 -- awit Sang Prabu Suleman wus yasa mimbar tembaga kang dawane limang asta ambane limang asta sarta dhuwure telung asta, kang kaedegake ana ing plataran --; panjenengane jumeneng ana ing kono nuli jengkeng ana ing ngarepe pasamuwan Israel kabeh lan ngegarake astane marang ing langit,
14 kambi munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel! Ing swarga saha ing bumi boten wonten allah ingkang kados Paduka; Paduka ingkang nglestantunaken prajanjian saha sih-susetya dhumateng para abdi Paduka ingkang gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan gumolonging manah;
15 Paduka ingkang tansah nyepengi janji Paduka dhumateng Rama Dawud, rama kawula, saha ingkang sampun nindakaken kalayan asta Paduka punapa ingkang Paduka ngandikakaken kalayan lesan Paduka, kados ingkang kalampahan ing dinten punika.
16 Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka mugi karsaa nglestantunaken janji Paduka dhumateng Rama Dawud, rama kawula, inggih punika pangandika Paduka: Turunira bakal ora ana pedhote ana ing ngarsaningSun lan bakal lestari lungguh ing dhamparing karajan Israel, anggere anak-anakira padha tansah lumaku manut ing angger-anggeringSun kaya anggonira lumaku ana ing ngarsaningSun.
17 Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, mugi kayektosana pangandika Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng abdi Paduka Rama Dawud.
18 Nanging punapa inggih sayektos, bilih Gusti Allah karsa dedalem nunggil kaliyan manungsa wonten ing bumi? Lah langit, malah sanadyan sainggil-inggilipun langit pisan inggih boten saged ngewrat Paduka, punapa malih padaleman ingkang kawula degaken punika.
19 Milanipun Paduka mugi karsaa midhangetaken pandonga saha panyuwunipun abdi Paduka punika, dhuh Yehuwah Gusti Allah kawula, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pasambat saha pandonga, ingkang kaunjukaken dhumateng ing ngarsa Paduka dening abdi Paduka punika.