1 Ayub banjur mangsuli, pangucape:
2 “Wus kerep banget aku krungu kang kaya mangkono iku,kowe kabeh iku juru panglipur kang siyal!
3 Apa durung entek tembungmu kang tanpa isi iku?Apa ta kang meksa kowe supaya nglawan?
4 Aku iya bisa caturan kaya kowe,saupama kowe iku dadi kaya aku;aku bisa ngracik tetembungan kang endah tumrap kowesarta gedheg-gedheg ngrasakake kowe.
5 Aku bisa nyantosakake atimu kalawan cangkemlan lambeku ora dakpekak anggone ngucapake piwales.
6 Nanging manawa aku caturan, anggonku nandhang sangsara ora bakal dadi enthenglan manawa aku meneng apa iya ana sudane?
7 Nanging saiki Panjenengane ndadekake aku tanpa dayatuwin ngrisak sakukubaning omahku,