1 Ing taun kang kapindhone paprentahane Sang Prabu Nebukadnezar, Sang Prabu Nebukadnezar supena; marga saka iku panggalihe banjur ora jenjem lan ora bisa sare.
2 Sang Prabu nuli utusan nimbali para sarjana, para juru-gendam, juru sihir lan para wong Kasdim, kadhawuhan nerangake supena mau marang panjenengane; banjur padha sowan lan ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu.
3 Sang Prabu ngandika marang wong-wong mau: “Ingsun supena, lan marga saka supena iku panggalihingsun kuwur marga kepengin nguningani supena iku.”
4 Para wong Kasdim iku banjur padha munjuk marang Sang Prabu (ing basa Aram): “Dhuh Sang Prabu! Mugi langgenga kasugengan dalem! Mugi karsaa paring sumerep bab supena punika dhateng para abdi dalem, mangke kawula badhe ngunjukaken maknanipun.”
5 Nanging paring wangsulane Sang Prabu marang wong Kasdim mau: “Ingsun wus damel putusan, yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku lan maknane, sira mesthi bakal padha katengkel-tengkel sarta omahira bakal padha karubuhake kadadekake tumpukan uwuh,
6 nanging manawa sira padha bisa ngunjuki uninga bab supena lan maknane, sira bakal padha tampa ganjaran, peparing lan kaurmatan kang gedhe saka ingsun. Mulane padha ngunjukana uninga marang ingsun bab supena iku lan maknane!”
7 Wong-wong mau padha munjuk maneh: “Sumangga gusti kawula Sang Prabu kawula aturi ngandikakaken supena punika dhateng para abdi dalem punika, mangke kawula sami badhe ngunjukaken maknanipun.”