1 Ngunekna kalasangka!Ana kang nempuh padalemane Pangeran Yehuwah kaya manuk garudha;mulane mangkono awit wong-wong iku wus padha mbubrah prajanjianingSun,lan mbangkang marang angger-anggeringSun.
2 Padha sesambat marang Ingsun:“Dhuh Allah kawula, kawula, bangsa Israel tepang kaliyan Paduka!”
3 Israel wus mbuwang kang becik,mulane kareben kaburu dening mungsuh!
4 Wus padha ngadegake ratu,nanging ora kanthi sarujukingSun.Padha ngadegake panggedhe,nanging ora kanthi kauningakake marang Ingsun.Emas lan salakane dianggo gawebrahala-brahala kanggo awake dhewe,mulane padha kasirnakake.
5 He Samaria, pedhetira Suntampik,bebenduningSun mulad-mulad marang wong-wong iku!Nganti pira lawase anggone ora bisa padha nucekake awake
6 wong-wong Israel iku?Iku tukang kang gawe,sarta iku dudu Allah!Lah pedhet Samaria iku bakal ajur dadi sawalang-walang.