14 Sakehing panerakku iku pasangan kang abot,sawijining bebuletan, damelaning astane Pangeran,kang ditumpangake ana ing guluku,satemah njalari enteking kakuwatanku.Pangeran wus ngulungake aku marang ingtangane para wong kang aku ora kaconggah nandhingi.
15 Pangeran wus mbucal sakehe para gegedhugkukang ana ing wewengkonku.Pangeran wus damel pista kanggo nglawan marang aku,kanggo nyirnakake para wong nonomanku.Pangeran wus ngidak-ngidak putri Yehuda, para kenya,kaya patrape ngiles-iles meres anggur.
16 Marga saka iku aku nangis,mripatku ngetokake luh carocosan,awitdene juru panglipur kang bisanglejarake atiku wus adoh;anak-anakku padha bingung,marga si satru rosa banget.”
17 Sion ngegarake tangane,nanging ora ana wong kang nglipur;Pangeran Yehuwah wus nglempakake tangga-tanggane,supaya padha nglawan marang Yakub.Yerusalem wus dadi najis,ana ing satengahe mungsuh-mungsuh mau.
18 “Pangeran Yehuwah iku kang leres,awit aku wus mbalela marang pangandikane;heh sakehe bangsa, padha rungoknalan sawangen prihatinku,para wong nonomanku lanang lan wadonwus padha lunga dadi tawanan.
19 Aku ngundang para kang daktresnani,nanging iku padha ngapusi aku,para imamku lan para tuwa-tuwaku,wus padha ngajal kabeh ana ing kutha,nalika padha golek pangankanggo nyambung uripe.
20 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani, anggen kawula ajrih sanget punika,saha anggenipun nyawa kawula ngolang-ngaling punika,manah kawula molak-malik wonten ing nglebet kawula,awitdene kesangeten anggen kawula mbalela,wonten ing jawi anak-anak kawula katumpes dening pedhang,wonten ing salebetipun griya dening sesakit pes.