30 Samangsa ing tembe kowe karubedan lan kataman samubarang iku mau, kowe banjur bakal mbaleni Pangeran Yehuwah, Gusti Allahu, sarta ngestokake dhawuhe.
31 Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku, Allah kang asipat welasan, kowe ora bakal ditegakake utawa disirnakake; apadene iya ora bakal kalepyan marang prasetyane kang didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.
32 Amarga coba takok-takokna, wiwit ing poncoting langit nganti tekan ing poncoting langit, bab jaman kang kapungkur sadurunge kowe ana, wiwit ing dinane Gusti Allah nitahake manungsa ana ing bumi, apa tau kelakon bab kang samono gedhene iku, utawa apa tau kaprungu prakara kang kaya mangkono iku.
33 Apa tau ana bangsa kang krungu swarane Gusti Allah ngandika saka satengahing geni, kaya anggonmu wus krungu iku, mangka bisa lestari urip.
34 Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?
35 Kowe kang ditedahi iku mau, supaya mangertia yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah, ora ana maneh liyane, kajaba mung Panjenengane.
36 Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni.