4 Manawa bendarane kang menehi somah, mangka somahe mau duwe anak lanang utawa wadon, kang wadon dalah anak-anake tetep dadi wewenange bendarane, lan kang lanang metune mung awake dhewe.
5 Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-semah kula, kula boten badhe medal dados tiyang merdika,
6 nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.
7 Manawa ana wong ngedol anake wadon dadi batur, iku metune, patrape ora kaya batur lanang.
8 Saupama batur wadon mau ora disenengi bendarane, mangka maune wus disadhiyakake kanggo awake dhewe, bendarane kudu nglilani batur mau ditebus, ora kena diedol marang wong ngamanca, awitdene bendarane wus mblenjani marang batur wadon iku.
9 Nanging manawa bendara mau nyadhiyakake kanggo anake lanang, iya dianggepa kaya kang wus dadi wewenange anak wadon.
10 Saupama bendarane mau ngepek wong wadon liyane, kang dhisik ora kena disuda cadhonge, sandhangane lan anggone tinunggal turu.