29 Blabag loro mau ing ngisor lan ing dhuwur padha plek lan gandheng nganti tekan ing gelangan kang kapisan; kaya mangkono anggone gawe karo pisan ana ing pojok loro mau.
30 Dadi gunggung ana blabag wolung iji dalah ompake salaka, kabeh nembelas; blabag siji ompake loro.
31 Sarta maneh iya gawe kendhit kayu sittah: lima kanggo blabag-blabag ing sisihe kang siji Tarub Suci,
32 lan lima maneh kanggo ing sisihe kang kapindho Tarub Suci, sarta lima maneh kanggo ing sisih buri, ing sisih kulon.
33 Ing tengah kagawekake kendhit wiwit poncot tekan poncot.
34 Blabag-blabag mau diblongsong ing mas, lan gelangan kang dadi slobokane kendhit iku kang digawe mas; kendhite iya padha diblongsonga ing mas.
35 Banjur gawe klambu ngarep, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus kang benange kaantih, kadokokan kerub gaweaning ahli tenun.