35 Banjur gawe klambu ngarep, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus kang benange kaantih, kadokokan kerub gaweaning ahli tenun.
36 Klambu iku kagawekake cagak kayu sittah papat kang kablongsong ing mas, canthelane iya mas, sarta cagak-cagak iku padha kadokokana ompak salaka cor-coran papat.
37 Lawange Tarub iya kagawekake klambu, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus kang benange kaantih: tenunan kang manca-warna,
38 anadene sakane lima lan ana canthelane kanggo cagak-cagak mau; pojoke lan sambungane padha diblongsong ing mas, dene ompake lima iku tembaga.