1 Bezaleel nuli gawe pethi iku, kang kagawe kayu sittah, dawane loro satengah asta, ambane karotengah asta, lan dhuwure iya karotengah asta,
2 banjur diblongsong ing mas murni ing jero lan ing jabane, sarta dietrapi plisir mas mubeng temu gelang.
3 Karodene iya digawekake gelangan mas cor-coran patang iji padha kaetrapake ing pojoke ngisor papat pisan, yaiku gelangan loro ana iringan kang siji, gelangan loro maneh ana iringan sijine.
4 Sarta maneh gawe pikulan kayu sittah padha kablongsong ing mas,