1 Sang Musa banjur munjuk: “Kados pundi manawi tiyang-tiyang wau sami boten ngandel dhateng kawula saha boten mirengaken dhateng tembung-tembung kawula, malah lajeng wicanten: Pangeran Yehuwah boten ngatingal dhateng panjenengan?”
2 Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Sira nyekel apa iku?” Unjuke Sang Musa: “Punika teken.”
3 Dhawuhe Pangeran Yehuwah: “Teken iku sira uncalna ing lemah!” Banjur kelakon diuncalake ing lemah, tumuli malih dadi ula, Sang Musa satemah mlajeng.
4 Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Sang Musa: “Tanganira gumrageha, pethite cekelen!” Sang Musa banjur gumrageh astane, pethite dicepeng, banjur malih dadi teken maneh ana ing astane.
5 “Iku supaya padha ngandela, yen sira wus diketingali dening Pangeran Yehuwah Gusti Allahe para leluhure, Gusti Allahe Abraham, Gusti Allahe Iskak lan Gusti Allahe Yakub.”