22 Nanging balane wong Israel tumuli padha nglumpukake kekuwatane sarta nata gelaring perang maneh ana ing papan panatane nalika sakawit.
23 Wong Israel nuli padha mangkat sarta nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nganti ing wayah sore, wasana padha neges marang Sang Yehuwah, unjuke: “Punapa kawula sami nempuh perang malih, nglawan sadherek kawula tiyang Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Mangsaha nglawan wong-wong iku!”
24 Nanging nalika wong Israel ing dina kapindhone tekan ing sacedhake bani Benyamin,
25 ing dina kapindho iku balane bani Benyamin tumuli padha mapagake saka ing Gibea, sarta padha oleh pepati maneh panunggalane wong Israel wolulas ewu, kabeh padha asikep gegaman pedhang.
26 Wong Israel kabeh, yaiku wong sabangsa kabeh banjur padha mangkat menyang ing Betel, ana ing kono padha nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha puwasa sadina iku nganti ing wayah sore, apadene padha nyaosake kurban obaran lan kurban slametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
27 Wong Israel tumuli padha neges marang Sang Yehuwah -- pethining prasetyaning Allah ing nalika samana ana ing kono,
28 lan nalika iku Pinehas bin Eleazar, bin Harun dadi imaming Allah -- unjuke: “Punapa kawula kedah mangsah perang malih nglawan sadherek kawula bani Benyamin punika, punapa kedah kawula kendeli?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Padha mangsaha, amarga sesuk bakal Sunulungake ing tanganira.”