13 Nuli ana sawijining wong kang keplayu ngaturi uninga marang Rama Abram wong Ibrani, kang dedalem cedhak karo alas tarbantin ing wewengkone Mamre, wong Amori sadulure Eskol lan Aner kang padha mbiyantu Rama Abram.
14 Rama Abram bareng midhanget yen putrane sadhereke kabandhang, tumuli ngangkatake para wonge kang wus kalatih, yaiku para abdi-abdine kang laire ana ing daleme, cacahe telung atus wolulas, banjur mburu mungsuhe nganti tutug ing Dhan.
15 Lan ing wayah bengi wong-wong tumuli diperang-perang, yaiku Rama Abram lan para abdine mau, mangkono anggone arep nglawan mungsuhe, temah bisa ngalahake mungsuhe, kang banjur dioyak-oyak nganti tutug ing Hoba, kang kaprenah ing salore kutha Damsyik.
16 Sakehe raja-darbe kang kabandhang bisa karebut bali, karodene Lut kadange lan sabarang duweke iya diulihake, mangkono uga para wong wadon lan rakyate.
17 Raja Sodom methukake Rama Abram nalika kondur saka nggecak raja Kedorlaomer dalah para raja kang padha mbiyantoni ana ing Lebak Syawe, iya iku Lebak Raja.
18 Anadene Sang Prabu Melkisedhek raja ing Salem, kang jumeneng imaming Allah Kang Mahaluhur, ngasta roti lan anggur,
19 sarta mberkahi marang Rama Abram, pangandikane: “Sadherek Abram mugi kaberkahana dening Gusti Allah Ingkang Mahaluhur ingkang nitahaken langit lan bumi.