16 Sakehe raja-darbe kang kabandhang bisa karebut bali, karodene Lut kadange lan sabarang duweke iya diulihake, mangkono uga para wong wadon lan rakyate.
17 Raja Sodom methukake Rama Abram nalika kondur saka nggecak raja Kedorlaomer dalah para raja kang padha mbiyantoni ana ing Lebak Syawe, iya iku Lebak Raja.
18 Anadene Sang Prabu Melkisedhek raja ing Salem, kang jumeneng imaming Allah Kang Mahaluhur, ngasta roti lan anggur,
19 sarta mberkahi marang Rama Abram, pangandikane: “Sadherek Abram mugi kaberkahana dening Gusti Allah Ingkang Mahaluhur ingkang nitahaken langit lan bumi.
20 Sarta pinujia Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, dene sampun masrahaken mengsah jengandika wonten ing asta jengandika.” Rama Abram banjur ngaturake saprasepuluhe barang bandhangan mau.
21 Raja ing Sodom banjur ngandika marang Rama Abram: “Tiyangipun mugi jengandika paringaken dhateng kula, dene menggah raja-darbe kula aturi mundhut.”
22 Nanging Rama Abram matur marang raja ing Sodom: “Kula supaos demi Sang Yehuwah, Allah Ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi,