19 Ature wong Israel: “Kawula badhe medal ing margi ageng, saha manawi kawula lan raja-kaya kawula ngantos ngombe toya paduka, badhe kawula aturi sepinten reginipun; panyuwun kawula namung uger kepareng nratas lumampah dharat kemawon, namung punika.”
20 Ewasamono wangsulane wong Edom tetep: “Boten kenging sampeyan langkung ing ngriki.” Malah wong Edom banjur padha metu mapagake klawan rakyate lan wadya-bala akeh.
21 Sarehne wong Edom kenceng ora nglilani wong Israel liwat ing tlatahe, mulane wong Israel banjur padha nyimpang ninggal wewengkon kono.
22 Wong Israel saumat kabeh banjur padha budhal saka ing Kadesy, tumuli tekan ing gunung Hor.
23 Ana ing sacedhake gunung Hor kono, ana ing tapel-watese tanah Edom, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun:
24 “Harun bakal kakumpulake karo para leluhure, awitdene ora bakal melu lumebu ing tanah kang Sunparingake marang wong Israel, marga sira padha nglirwakake marang dhawuhingSun ana ing sacedhake banyu ing Meriba.
25 Harun lan Eleazar padha timbalana, kairida munggah ing gunung Hor.