11 Awitdene kang nebus iku santosa,Pangeran kang mbelani prakarane nglawan marang kowe.
12 Migatekna marang panggulawenthah,lan kupingmu telingna marang tembung-tembung kang isi kawruh.
13 Aja nglirwakake pamerdi marang anak,iku manawa kokgitik nganggo penjalin ora ndadekake patine.
14 Kowe nggitik nganggo penjalin,nanging kowe ngentasake nyawane saka ing jagade wong mati.
15 He anakku, manawa atimu wicaksana,iku iya ndadekake bungahing atiku.
16 Nyawaku abungah-bungah,manawa lambemu ngucapake kang jujur.
17 Atimu aja meri marang para wong dosa,nanging tansah mantepa anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah.