14 Kowe nggitik nganggo penjalin,nanging kowe ngentasake nyawane saka ing jagade wong mati.
15 He anakku, manawa atimu wicaksana,iku iya ndadekake bungahing atiku.
16 Nyawaku abungah-bungah,manawa lambemu ngucapake kang jujur.
17 Atimu aja meri marang para wong dosa,nanging tansah mantepa anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah.
18 Satemene panganti-anti iku pancen ana,lan pangarep-arepmu ora bakal ilang.
19 He anakku, ngrungokna, lan dadia wicaksana,atimu enerna ing dalan kang bener.
20 Aja srawungan karo wong kang karem ngombe anggur,lan kang karem marang daging;