10 Nyabranga bae menyang ing tanah pesisire wong Kitim lan sawangen;kongkonana wong menyang ing Kedar lan gatekna temenan!Setitekna apa ana kang kelakon kaya mangkene iki!
11 Apa ana bangsa kang ngijolake allahe,sanadyan iku satemene dudu allah?Nanging umatingSun padha ngijolake Kaluhuranekaro kang ora ana gunane.
12 He langit, kaebatana marga saka kang kaya mangkono iku,ndhredhega lan gumetera kang luwih banget,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
13 Amarga umatingSun nglakoni dosa kaping pindho:padha nyingkur Ingsun,kang dadi tuking banyu urip,nedya ndhudhuk blumbang kanggo awake dhewe,yaiku blumbang kang borot, kang ora bisa madhahi banyu.
14 Israel iku batur tukon, apa anaking batur?Geneya kok dadi jarahan?
15 Singa nom padha nggero marang bangsa iku,kalawan swara kang dumeling,tanahe didadekake cengkar,kutha-kuthane diobongi, ora dienggoni maneh.
16 Dalasan para wong ing Memfis lan Takhpanhespadha nggundhuli pathaking sirahira.