1 Pasyhur bin Imer, imam kang ing wektu iku dadi kepalane padalemane Sang Yehuwah, krungu Nabi Yeremia memeca mangkono.
2 Nabi Yeremia nuli disapu lan dibelok ana ing gapura Benyamin, kang ana ing dhuwure padalemane Sang Yehuwah.
3 Nanging esuke bareng Nabi Yeremia diluwari saka ing belokan, banjur ngandika marang Imam Pasyhur mangkene: “Sang Yehuwah bakal nyebut kowe dudu Pasyhur, nanging Pagiris saka ing ngendi-endi.
4 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndadekake sira dadi pagiris tumrap sira dhewe lan mitra-mitranira kabeh; mitra-mitranira bakal padha mati ambruk dening pedhanging mungsuh ana ing ngarepira dhewe. Apadene Yehuda kabeh bakal Sunulungake ing tangane ratu ing Babil, banjur padha diangkatake menyang ing pambuwangan ing tanah Babil lan dipateni kalawan pedhang.
5 Uga kasugihane kutha iki, oleh-olehaning rekasane kabeh, samubarang kang pangaji lan raja-branane para raja ing Yehuda bakal Sunulungake marang tanganing mungsuhe, kang njarah-rayah, nglumpukake lan mbandhang iku kabeh menyang Babil.
6 Dene mungguh sira dhewe, he Pasyhur dalah saisine omahira, sira bakal diangkat dadi tawanan, sira bakal teka ing Babil lan bakal mati ana ing kana sarta bakal dikubur ana ing kana; iya sira lan para mitranira kabeh kang padha kokwedhari pameca kang goroh.”
7 Dhuh Sang Yehuwah, Paduka ingkang ngarih-arih kawulalan kawula sampun purun kaarih-arih;Paduka punika rosa sanget tumrap kawula,Paduka nunten nelukaken kawula.Kawula dados gegujengan sadinten muput,sadayanipun sami moyoki kawula.