13 Dhuh Yehuwah, Allah kawula sadaya,bendara-bendara sanesipun nate ngwaosi kawula sadaya,nanging namung asma Paduka kemawon ingkang sami kawula suwuraken.
14 Tiyang-tiyang wau sampun sami pejah, boten sami badhe gesang malih,sampun sami dados arwah, boten badhe tangi malih;saestunipun sampun sami Paduka ukum saha Paduka sirnakaken,punapadene sadaya pangenget-enget dhateng tiyang-tiyang wau sampun Paduka icali.
15 Dhuh Yehuwah, bangsa punika sampun Paduka damel saya wewah-wewah,umating kamulyan Paduka sampunPaduka damel saya kathah;nagaranipun sampun Paduka wiyaraken sanget.
16 Dhuh Yehuwah, ing salebeting karubedan sami madosi Paduka;nalika bebendu Paduka tumempuhdhateng tiyang-tiyang wau,lajeng sami sesambat ing salebeting pandonga.
17 Kadosdene tiyang estri ingkang ngandhegingkang sampun dumugi ing elekipun,lajeng ngolang-ngaling sakit, ngadhuh-adhuh margi nyakiti,inggih makaten punika kawontenan kawula sadaya ing suwaunipun wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah:
18 Kawula sami ngandheg,lajeng ngolang-aling sakit,nanging kados-kados kawula sami nglairaken angin,kawula sami boten saged ngawontenaken kawilujengan wonten ing bumi,saha ingkang manggen ing jagad boten lair.
19 Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih,mayitipun sami badhe tangi malih.He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah,tangia lan surak-suraka!Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang,lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh.