1 He pulo-pulo, padha menenga lan ngrungokna marang Ingsun;para bangsa padha oleha kakuwatan anyar!Cikben padha nyedhak lan banjur munjuk:Ayo padha maju bebarengan lan prakaran!
2 Sapa kang ngobahake wong iku saka ing wetan,kang ngobahake wong kang saben tumindak mesthi unggul,kang nelukake para bangsa ana ing ngarepelan nglorod para raja?Pedhange njalari para raja mau dadi kaya lebusarta panahe marakake kaya damen kang didamoni.
3 Banjur mburu para raja mau sarta liwat ing dalankang durung tau diambah, kanthi slamet.
4 Sapa kang nglakoni lan nindakake iku kabeh?Panjenengane, kang wiwit biyen mula nimbali para turuning manungsa,Ingsun, Yehuwah, kang dhisik dhewe,tuwin tumrap para wong kang keri dhewe,Ingsun tetep Panjenengane iku uga.
5 Pulo-pulo padha sumurup lan banjur wedi,poncot-poncoting bumi padha gumeter;padha teka lan saya cedhak.
6 Padha tulung-tinulung lan celathu marang kancane:“Atimu sing tatag!”
7 Si pandhe nyantosakake si kemasan,kang nipisake logam kalawan palu nyantosakake atine kang nggembleng ing paron;lan banjur celathu marang si tukang patri: “Iku becik,”tuwin garapane nuli dikukuhake kalawan paku,supaya ora gonjang-ganjing.