2 unjuke:“Ing salebeting kasisahan, kawula sesambat dhateng Pangeran Yehuwahlajeng inggih dipun sembadani,wonten ing guwa-garbaning pejah kawula nyuwun tulung,Paduka lajeng miyarsakaken swanten kawula.
3 Kawula sampun Paduka cemplungaken dhateng ing teleng,inggih ing dhasaring samodra,kawula lajeng kakupeng ing ombaking toya,sakathahing alun lan ombak Padukanasabi badan kawula.
4 Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka,punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci.
5 Kawula sampun kinepang ing sakathahing toya ingkang ngancam nyawa kawula,kawula kasasaban ing samodra agung;sirah kawula kagubed-gubed ing lumuting samodra
6 wonten ing dhasaring redi-redi.Kawula ambles ngantos dumugi ing dhasaring bumi;kawulu kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun;ing nalika punika Paduka lajeng ngentas nyawa kawula saking luwenging pejah,dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula.
7 Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula,kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah,sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Padukawonten ing padaleman Paduka ingkang suci.
8 Tiyang ingkang sami gondhelan dhateng brahala ingkang tanpa gina punikasami nilar dhateng ingkang ngasihi kanthi setya.