2 “Ingsun bakal nyirnakake nganti resik samubarang kabeh saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
3 Manungsa lan kewan bakal Suntumpes, manuk ing awang-awang lan iwak ing sagara samono uga. Ingsun bakal ngrubuhake wong duraka, sarta numpes manungsa saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
4 Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang Yehuda sarta sakehe wong isine Yerusalem. Kekarene Baal bakal Suntumpes saka ing panggonan iki dalah jenenge para imaming brahala.
5 Mangkono uga para wong kang memuja marang wadya-bala ing langit lan kang nyembah kalawan sumpah setya demi Sang Yehuwah lan iya demi Dewa Milkom,
6 karomaneh wong kang padha nyingkur marang Sang Yehuwah sarta ora ngupaya Pangeran Yehuwah lan ora neges marang Panjenengane.”
7 Padha menenga ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, awit wus cedhak dinane Sang Yehuwah. Lah Pangeran Yehuwah wus nyawisake pista kurban, para kang ditimbali wus padha disucekake.
8 “Ing dina pista kurbane Pangeran Yehuwah iku Ingsun bakal ngukum para pangarep, lan para anaking ratu sarta sakehe wong kang manganggo sandhangan ngamanca.