12 Para nabi iku wis padha dijarwani, yen ora padha ngladeni sarirane piyambak, nanging kowe kang padha diladeni samubarang, kang saiki wis kawartakake marang kowe dening wong-wong kang marga saka pakaryane Sang Roh Suci, kang wis kautus saka ing swarga, padha nggelarake Injil marang kowe kabeh, yaiku bab-bab kang dalasan para malaekat kapengin maspadakake.
13 Mulane cawisna akal-budimu sarta sing waspada, apadene sakehing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingake marang kowe ing wektu kababare Gusti Yesus Kristus.
14 Uripmu dikaya bocah kang mbangun-turut, aja nuruti hawa-nepsu kang misesa kowe nalika kowe isih padha bodho.
15 Nanging kowe padha dadia suci ing satindaking uripmu kabeh kayadene Panjenengane kang suci, kang wis nimbali kowe,
16 sabab ana tulisan mangkene: Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.
17 Sarta manawa kowe padha nyebut Panjenengane Rama, yaiku kang ngadili kabeh wong manut panggawene tanpa pilih kasih, uripmu kalawan wedi-asih sajrone kowe mondhok ing donya iki.
18 Sabab kowe padha sumurup, yen anggonmu katebus saka kalakuanmu kang tanpa guna, kang kokwarisi saka para leluhurmu, iku ora srana barang kang bisa rusak, uga ora kalawan salaka utawa emas,