1 Marga saka iku padha mbirata sakehing piala sarta sarupane para-cidra, sarta lamis lan drengki, apadene sakehing pamitenah.
2 Dikaya bayi kang nembe lair, kang tansah kapengin marang banyu susukang murni kang asipat rohani, supaya marga saka iku padha lestria tuwuhmu ing bab karahayon,
3 manawa kowe nyata wis padha ngrasakake sih-kadarmaning Allah.
4 Padha sowana ing Panjenengane kang minangka watu kang urip iku, kang pancen ditampik dening manungsa, nanging kang pinilih lan aji ana ing ngarsaning Allah.