12 Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.
13 Kang iku padha sumuyuda, marang sadhengah yeyasaning manungsa marga saka Gusti Allah, dadia marang raja kang kagungan panguwaos kang dhuwur dhewe,
14 iya marang para wakile kang kadhawuhan ngukum wong kang nindakake piala sarta ngalembana wong kang gawe becik.
15 Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.
16 Uripmu dikaya wong mardika, aja kaya wong kang nylewengake kamardikane iku kanggo nutupi pialane, nanging dikaya abdining Allah.
17 Padha ngajenana wong kabeh, sadulur-sadulurmu padha tresnanana. Duwea wedi-asih marang Gusti Allah, ngurmatana Sang Nata Agung!
18 Kowe para batur; padha sumuyuda kanthi kebak pakering marang bendaramu, ora mung marang kang becik lan grapyak bae, nanging uga marang kang kereng.