4 nanging pepaesmu iku yaiku kamanungsaning batin kang ora katon kang apepaes kang ora bisa rusak, kang asale saka roh kang sareh, tentrem, kang pangaji banget ana ing ngarsaning Allah.
5 Dene iya kaya mangkono iku, biyen patrape para wong wadon suci anggone manganggo, yaiku wong wadon kang ngarep-arep marang Gusti Allah sarta padha sumuyud marang bojone,
6 padha kaya Ibu Sara anggone mituhu marang Rama Abraham sarta disebut bendarane, dene kowe iku padha dadi putrane, angger kowe tumindak becik sarta ora wedi ing pangancam.
7 Samono uga kowe, he, para wong lanang, anggonmu jejodhoan nganggoa duga-duga tumrap para wong wadon, awit iku golongan kang luwih ringkih! Padha ajenana amarga iku padha kanca ahli-warise sih-rahmating kauripan, supaya pandongamu aja nganti kaalangan.
8 Wasana kowe kabeh padha disaiyeg tunggal rasa, tresna marang para sadulur, ambek welasan, sarta andhap-asor.
9 Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah. Sabab:
10 “Sing sapa arep nresnani uripsarta ngalami dina-dina kang becik,kudu mekak ilate, aja nganti kawetu kang alasarta mekak lambene tumrap tetembungan kang cidra.