1 Para pinituwa kang ana ing antaramu iku dakpituturi, -- amarga aku iki dadi kanca pinituwa sarta seksine sangsarane Sang Kristus, kang iya bakal oleh panduman kamulyan kang besuk bakal kawedharake --:
2 Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.
3 Kowe aja tumindak kaya-kaya nguwasani pasamuwan reksanmu, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku.
4 Besuk manawa Sang Pangon Agung rawuh, kowe bakal padha nampani makuthaning kamulyan kan ora bisa alum.