11 Iya Panjenengane iku kang kagungan panguwaos langgeng salawas-lawase! Amin.
12 Anggonku nulis cekak marang kowe iki lumantar Silwanus, kang dakanggep sadulur kang kena dipracaya, prelu ngelingake sarta nyethakake, manawa iki sih-rahmate Gusti Allah kang sanyata. Iku padha ugemana kang temenan!
13 Sala marang kowe kabeh, saka sadulurmu ing Babilon kang pilihan lan Markus anakku.
14 Padha sesalamana nganggo pangambunging katresnan. Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh kang padha ana ing patunggilane Sang Kristus. Amin.