3 Kowe aja tumindak kaya-kaya nguwasani pasamuwan reksanmu, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku.
4 Besuk manawa Sang Pangon Agung rawuh, kowe bakal padha nampani makuthaning kamulyan kan ora bisa alum.
5 Samono uga kowe, heh para wong anom, padha sumuyuda marang para wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padha andhap-asor, amarga:“Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”
6 Kang iku padha mendhaka ing sangisore astane Gusti Allah kang kuwat, supaya kowe padha linuhurake ing mangsa kang wis katemtokake.
7 Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.
8 Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.
9 Tanggulangana kalawan pracaya kang santosa, jalaran kowe padha sumurup yen kabeh sadulrmu kang ana ing saindenging jagad iya padha ketaman ing sangsara kaya mangkono.