1 Saka Paulus, Silwanus lan Timoteus marang pasamuwane wong-wong ing Tesalonika, kang ana ing Allah Sang Rama lan ana ing Gusti Yesus Kristus. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh.
2 Aku tansah padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh kalawan ngelingi kowe ana ing sajroning pandongaku.
3 Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita.
4 Sarta aku padha sumurup, he para sadulur kang kinasihan ing Allah, yen Panjenengane wus milih marang kowe kabeh.