16 awit padah ngalang-alangi anggonku padha nggiyarake pangandika marang bangsa-bangsa liya supaya oleh karahayon. Dadine padha tansah ngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padha ketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.
17 Nanging aku kabeh, para sadulur, kang wus sawatara mangsa pisah karo kowe mungguh ing katone, nanging mungguh ing ati ora, padha kangen banget karo kowe temenan lan wis mbudi-daya bisane niliki kowe.
18 Amarga niyatku kabeh arep nekani kowe, -- aku, Paulus, malah ora mung sapisan bae -- nanging padha kapalangan dening Iblis.
19 Sabab sapa ta yen dudu kowe kang dadi dununging pangarep-arep lan kabungahanku kabeh, apadene makutha kang padha dakagungake ana ing ngarsane Gusti Yesus, Gusti kita, besuk ing dina rawuhe?
20 Sanyata kowe iku kang dadi kamulyan lan kabungahanku kabeh.