2 Ananging sanadyan ing maune, kaya kang wus padha koksumurupi, aku padha dikaniaya lan disiya-siya ana ing kutha Filipi, ewadene marga saka pitulunganing Allah kita, aku kabeh padha oleh kakendelan anggonku padha ngabarake Injiling Allah marang kowe kabeh ana ing sajroning pakewuh kang abot.
3 Amarga kang padha dakpituturake iku pinangkane ora saka ing panasaran utawa saka ing kekarepan kang ora murni sarta uga ora kaworan ing kaculikan.
4 Kosokbaline, sarehne Gusti Allah wus nggalih, yen aku kabeh pantes kapitayanan Injil, iya marga saka iku mulane anggonku padha rembugan iku ora amrih senenging manungsa, nanging supaya ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah, kang neter ati kita.
5 Awit kowe padha sumurup, yen aku padha ora tau nandukake tembung manis, utawa nganggo budi kethaha kang kaalingan, iki Gusti Allah kang nekseni,
6 sarta ora padha ngarah pangalem saka ing manungsa dadia saka kowe utawa saka wong-wong liya, sanadyan aku padha bisa tumindak mangkono, jalaran aku iki padha rasule Sang Kristus.
7 Nanging kalawan rumaket anggonku padha pitepungan ana ing tengahmu, wis kaya patrape biyung anggone ngemong lan ngopeni anake.
8 Kaya mangkono anggonku padha nindakake katresnan kang gedhe marang kowe kabeh, satemah kalawan legawa anggonku padha mandumi marang kowe ora ngemungake Injiling Allah bae, nanging uga uripku kabeh, jalaran kowe kabeh padha daktresnani.