7 Nanging kalawan rumaket anggonku padha pitepungan ana ing tengahmu, wis kaya patrape biyung anggone ngemong lan ngopeni anake.
8 Kaya mangkono anggonku padha nindakake katresnan kang gedhe marang kowe kabeh, satemah kalawan legawa anggonku padha mandumi marang kowe ora ngemungake Injiling Allah bae, nanging uga uripku kabeh, jalaran kowe kabeh padha daktresnani.
9 Awit mesthine kowe isih padha kelingan, para sadulur, marang kangelan lan rekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarake Injiling Allah marang kowe iku, supaya aja ngreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu, padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.
10 Kowe padha dadi seksi, samono uga Gusti Allah, kapriye anggonku padha alaku saleh, adil lan tanpa cacad ana ing antaramu, kang pracaya.
11 Kowe padha sumurup, kapriye anggonku padha mituturi marang kowe nyantosake atimu dhewe-dhewe kayadene bapa marang anak-anake,
12 sarta anggonku padha ngudi kalawan banget-banget, supaya kowe kabeh padha urip laras karo karsane Gusti Allah, kang nimbali kowe marang Kratone lan kamulyane.
13 Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, dene pangandikane Gusti Allah kang padha dakwartakake marang kowe iku wus padha koktampani, ora kokanggep pituturing manungsa, nanging -- lan iki pancen iya nyata mangkono -- kokanggep sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowe kang padha pracaya.