2 Aku banjur padha kongkonan Timoteus, sadulur kang mbiyantu aku kabeh anggonku padha nyambut-gawe kagem Gusti ing bab martakake Injile Sang Kristus, supaya nyantosakake atimu lan mituturi kowe kabe ing bab pracayamu,
3 supaya aja ana wong kang goyang pracayane marga saka anggone nandhang kasusahan-kasusahan iki. Kowe dhewe padha sumurup, yen kita iki padha kagadhangake mangkono.
4 Amarga, uga nalika aku isih padha ana ing antaramu, kowe wus padha dakkandhani, yen kita bakal padha ngrasakake sangsara. Sarta bab iki, kaya kang wus koksumurupi, wus kalakon.
5 Iya iku sababe, mulane marga saka ora bisa betah maneh, aku nuli padha kongkonan dheweke, supaya aku padha sumurup bab pracayamu, jalaran aku kuwatir, manawa kowe wis padha cinoba dening si panggdoha sarta manawa pambudi-dayaku kabeh banjur dadi tanpa guna.
6 Nanging saiki, bareng Timoteus wis bali saka ing panggonanmu kalawan nggawa kabar kang mbungahake bab pracayamu lan katresnanmu, apadene bab anggonmu padha tansah kelingan marang apa-apa kang becik ing ngatase aku lan bab anggonmu kapengin katemu karo aku, kayadene anggonku uga padha kapengin katemu karo kowe,
7 dadine, para sadulur, ana ing sajroning karupekan lan kasangsaran, aku padha kalipur marga saka kowe lan marga saka pracayamu.
8 Saiki aku padha ngrasa urip maneh, anggere kowe padha tetep ana ing Gusti.