12 Satemah uripmu katon susila ana ing ngarepe wong-wong ing jaba sarta ora gumantung marang wong-wong mau.
13 Anadene karepku, para sadulur, kowe aja padha ketambuhan bab para wong kang wis ngajal, supaya kowe aja padha prihatin kaya wong-wong liya kang ora duwe pangarep-arep.
14 Amarga yen kita pracaya, manawa Gusti Yesus wus seda lan wus kawungokake, kiat iya pracaya, yen wong-wong kang wus ngajal ana ing Gusti Yesus iku bakal padha diklumpukake dening Gusti Allah bebarengan karo Panjenengane.
15 Iku padha dakkandhakake marang kowe kalawan pangandikane Gusti: kita kang isih urip, kang isih kari nganti tumeka rawuhe Gusti, babar pisan ora bakal ndhisiki kang wus padha ngajal.
16 Awit samangsa ana tengara, yaiku samangsa malaekat pangedhe nguwuh-uwuh sarta kalasangkaning Allah kaunekake, ing kono Gusti piyambak bakal tumedhak saka ing swarga, lan wong-wong kang ngajal ana ing Sang Kristus bakal padha tangi dhisik.
17 Sawise mangkono kita kang isih urip, kang isih kari, bakal padha kapulung bareng karo kang mentas tangi mau ana ing mega, methukake Gusti menyang ing awang-awang. Mangkono sabanjure kita bakal nunggal kalawan Gusti ing salawase.
18 Mulane kowe padha lipur-linipura kalawan tembung-tembung iki.