4 saben wong panunggalanmu ngalapa wong wadon siji dadi bojone dhewe sarta urip ing sajroning kasucen lan kasusilan,
5 ora marga saka derenging hawa-nepsu, kayadene tumindaking won kang ora wanuh marang Gusti Allah,
6 apamaneh ing bab iki wong aja tumindak ora becik utawa ngapusi sadulure. Amarga Pangeran iku kang bakal malesake iku kabeh, kaya kang wus padha dakkandhakake lan daktandhesake marang kowe.
7 Awit Gusti Allah anggone nimbali kita iku ora supaya alaku rusuh, nanging supaya nindakake apa kang suci.
8 Mulane sing sapa nampik bab iki, iku ora nampik manungsa, nanging nampik marang Gusti Allah kang uga wus maringake Rohe kang suci marang kowe kabeh.
9 Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe wus padha kawulang tresna-tinresnan dening Pangeran.
10 Bab iku uga koktindakake marang kabeh sadulur ing saindenging tanah Makedhonia. Ewadene, para sadulur, aku padha mrayogakake, supaya kowe saya ngepengna anggonmu tumindak mangkono.