7 Awit Gusti Allah anggone nimbali kita iku ora supaya alaku rusuh, nanging supaya nindakake apa kang suci.
8 Mulane sing sapa nampik bab iki, iku ora nampik manungsa, nanging nampik marang Gusti Allah kang uga wus maringake Rohe kang suci marang kowe kabeh.
9 Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe wus padha kawulang tresna-tinresnan dening Pangeran.
10 Bab iku uga koktindakake marang kabeh sadulur ing saindenging tanah Makedhonia. Ewadene, para sadulur, aku padha mrayogakake, supaya kowe saya ngepengna anggonmu tumindak mangkono.
11 Apadene anggepen sawijining kaurmatan manawa bisa urip tentrem, bisa ngurus prakara-prakaramu dhewe, sarta bisa nyambutgawe kalawan tananmu, kaya kang wus padha dakwelingake marang kowe kae.
12 Satemah uripmu katon susila ana ing ngarepe wong-wong ing jaba sarta ora gumantung marang wong-wong mau.
13 Anadene karepku, para sadulur, kowe aja padha ketambuhan bab para wong kang wis ngajal, supaya kowe aja padha prihatin kaya wong-wong liya kang ora duwe pangarep-arep.