1 Nanging, para sadulur, mungguh mangsa lan wayahe ora prelu daktulis marang kowe,
2 amarga kowe wus padha sumurup dhewe kalawan cetha, yen dina rawuhe Gusti iku tekane kaya maling ing wayah bengi.
3 Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya -- mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani -- mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.
4 Nanging kowe iku, para sadulur, padha ora ana ing pepeteng, yen ngantia kowe padha kebrejog ing dina ki kaya tekaning maling,
5 amarga kowe kabeh iku padha dadi anaking raina. Kita iku dudu wong-wonging wengi utawa wong-wonging pepeteng.
6 Awit saka iku prayogane kita aja turu kaya wong-wong liyane, nanging padha meleka lan sing waspada.
7 Jalaran wong kang padha turu, iku turune ing wayah bengi, lan kang padha mendem, iku anggone mendem ing wayah bengi.