4 Nanging kowe iku, para sadulur, padha ora ana ing pepeteng, yen ngantia kowe padha kebrejog ing dina ki kaya tekaning maling,
5 amarga kowe kabeh iku padha dadi anaking raina. Kita iku dudu wong-wonging wengi utawa wong-wonging pepeteng.
6 Awit saka iku prayogane kita aja turu kaya wong-wong liyane, nanging padha meleka lan sing waspada.
7 Jalaran wong kang padha turu, iku turune ing wayah bengi, lan kang padha mendem, iku anggone mendem ing wayah bengi.
8 Nanging kita iki wong-wonging raina, mulane kita kudu waspada, kudu ngrasuk kerening pracaya lan katresnan sarta atetopong pangarep-areping karahayon.
9 Awit Gusti Allah ora nyadhangake kita marang beendu, nanging supaya oleh karahayon marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita,
10 kang wus seda kanggo kita, supaya kita dadia melek, dadia turu, padha ndherek urip kalawan Panjenengane.