8 Nanging kita iki wong-wonging raina, mulane kita kudu waspada, kudu ngrasuk kerening pracaya lan katresnan sarta atetopong pangarep-areping karahayon.
9 Awit Gusti Allah ora nyadhangake kita marang beendu, nanging supaya oleh karahayon marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita,
10 kang wus seda kanggo kita, supaya kita dadia melek, dadia turu, padha ndherek urip kalawan Panjenengane.
11 Mulane kowe padha eling-ingelingna lan bangun-binanguna, kayadene kang pancen padha koklakoni iku.
12 Karodene, para sadulur, panjalukku kabeh marang kowe: wong-wong kang padha nyrempeng ing gawe ana ing antaramu, kang nenuntun marang kowe ana ing patunggilane Gusti sarta kang memerdi marang kowe,
13 iku padha ajenana kang banget kalawan katresnan marga saka pagaweane. Tansah padha rukuna.
14 Aku iya padha aweh pitutur marang kowe, para sadulur, wong kang uripe padha ora tumata iku perdinen, wong kang padha cilik atine iku lipuren, wong kang ringkih padha belanana. Sing sabar marang wong kabeh.